TAMAN HIJAU KOTA PURWODADI Grobogan

TAMAN HIJAU KOTA PURWODADI Grobogan Jawa Tengah Indonesia 
#TamanHijauKotaPurwodadi

Alhamdulillaahi Robbil 'Alamiin... poro sedulur
Purwodadi saiki tambah soyo elok endah edi peni.
saiki wes nduwe taman kota 'Taman Hijau Kota Purwodadi'.


Najan durung dadi, Saking bungahe, masyarakat Purwodadi wes podo gak sabar, pating kruyuk
rawuh sareng keluargo lan konco-konco nyawang kaendahaning taman.
Kabeh ngono ora liyo mergo melu-melu nyambut bungah kabinangune taman enggal bin anyar iku mau smile emotikon

ALAMAT
halah, pokok simpang ngetan. Mejid> RSI> nganan!

FASILITAS'Taman Hijau Kota Purwodadi'
Kumpul-kumpul dulur lan konco neng TAMAN HIJAU KOTA PURWODADI. Guyub to lur? Hehe
Kumpul-kumpul dulur lan konco neng TAMAN HIJAU KOTA PURWODADI. Guyub to lur? Hehe
- Tembok panggung sellpi. Keno mbok nggo poto2 ngabadike pesona lan cakepmu, mbok menowo rumongso cakep hehey...

- Jogging Track. Iku lho lur, dalan beton seng enek watune cilik2 pating prenyul. Ngerti?
Nek kancane wajah kukul pating prenyul yho ojo njur diwadini wajah juguging track...! Gak pareng...! Hehe
- Gazebo. Angkruk angkruk... igawe soko kayu kang tansah maringi sentuhan klasik, suasana tentrem asik2 smile emotikon
- Dingklik lonjoran. Iku lho lur lungguhan seng digawe soko pasir watu semen nglumpuk berpelukan...
- Panggung manuk. hebat to lur, neng kunuh yo enek manuk pating grandul, mboh manuke sopo.
Halo mbak! Ngalamun? Wkwkwkwk.
Pengelolane jian juos. Dadi nek manuke podo negel biso nambahi kentele suasana alam ngunuh.
- Sempetan pit/sepeda until. Dadi neng taman enek wesi mlungker koyok cepet widodari,iso go parkir supida until.
- Lampu hias. durung komplit, Lhayo ancen durung dadi kok lur.
tur maneh gak macem nek kakean lampu, malah koyok diskutik utik utik, nuansa alame ilang, suasana damaine kabur ra? hehe
- Musholla kampung. Neng ngarep gerbang persis enek musholla kampung, mungil resik, gratis....
Jian ganjaran tok wong kampung kono, njur wong piro wae seng wudlu sholat neng kono, ra ketung ganjarane masyarakat kunuh lur.
Aku yo tau jamaah magrib neng kunu og, makmuman mbi mbahyaine, walah kaleme.... hehe
NEK RUNO OJO LALI SHOLAT LHO YO....
Jare moro taman go ngademake ati....
TOTALISASI TO YHO... meditasi kelawan sholat ngadep Gusti.. relaksasi... Fresh....
AWASI yayangmu! jal nek ngajak mruno ngajak sholat tah gak? Jak ngrumat ndidik keturunan re hahahaha
- LLL (lan liyo liyane). Tiliki diwe...! Mumpung rung dadi, dadi nduwe kebanggan tersendiri (wooo... au mbiyen tamane rung dadi wes yak2an neng kono, aku yo melu resik2, ono larahan sitik tak plungke tempat sampah,ora aku tok, pengunjung2 yo do ngono iku.
Pancan tamane iku kanggo ngetes, mangerteni karaktere individu og,
we nek rono mbi pacarmu(nak iso ralah pacaran) jo pisan2 umbar kemesraan! di pliliki wong we ngko.
Cedak pemakaman, demite jare sensi, usil nek reti wong ra nduwe isin.
Nek pacarmu buang sampah sembarangan , ngrusak, wes.... ketok nalare. We calon korban perusakan berikutnya.
PUTUS wae! Suwen tongue emotikon

TIKET PLUNG
Nganti wektu iki gak enek tarikan tiket plung (tiket masuk), apikanyho? hehe
cukup mbayar parkir rongewuh. Wes kui tok wink emotikon

Wes lah, kesel au ngetik2 lur. Gak bidangku.
wes konoh ndang ditiliki tamane! Jare wong Purwodadi kok rung tau niliki hehe

#kangmalik
www.bioraja.info

#LIKE #SHARE ! gen dulur2 konco2 podo ngerti, nek perlu diajak dolan bareng gen ketok guyub

harmonis smile emotikon

fb.com/purwodadionline
Share:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Jika Anda punya info makNYUS terkait posting di atas, silakan Beri Komentar Sebagai: Name/URL alamat FB Anda!
Contoh: http://facebook.com/akangmalik

kangmalik

Diberdayakan oleh Blogger.

Mengenai Kang Malik PasarX.com

Free CG CALCULATOR RC PLANEs - Web Situs Online Kalkulator CG Pesawat Remot

http://bit.ly/cgcalculator  a.  HITUNG CG SEKARANG >> b.  Hitung CG V3 ( New : berbadan/Fuselage) >> Cara cepat mengetahui ti...

Pengikut

Cari Blog Ini

Recent Posts

Pages